UYON-UYON

Uyon-uyon saking tembung “manguyu-uyu” inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani “patalon”.
Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Bem
Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe thenguk-thenguk
Ngelingana ing pawon kendhile nggolingLha iku ha rak butuhmuIsen-isen jroning pawonIya bener kandhamuPawon iku dadi kwajibankuNing pikiren beras entek bumbu tapisYen ngono aku sing kojurApa sing kudu tak adolAjake laduk gemblungUwong lanang mung pawitan dhengkulApa seneng yen brayatmu padha klingsirMangka aku seneng nganggurMangan turu omong kosongHambok welas anakmuGalo kae ana kebon jembrungSregepana olah lemah ditanduriAku sangu paculTumandang anggarap kebon
Piwulang ingkang saged kita pethik saking tembang kasebat inggih punika :
1.     Bapak minagka satriyaning keluarga, ledah sregep makarya.
2.     Keluarga kedah guyup bebarengan.
3.     Golek gawean ingkang halal.
4.     Tiyang kakung mboten saged kesed/ nglokro.

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING
1.     Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.     Cengkok inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang,
3.     Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4.     Gamelan inggih punika piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5.     Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.     Titi laras inggih punika angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur)
7.     Pathet inggih punika ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.     Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.     Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/pradangga.
10.          Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.          Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
12.          Gerong inggih punika tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
13.          Sindhenan inggih punika tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
14.          Irama inggih punika ukuran rindhik rikating penabuhan gamelan.
15.          Bawa inggih punika tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16.          Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17.          Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran (penampang trapezium).
18.          Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi abuh gangsa.
19.          Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20.          Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mndhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, kudrug, lsp).
21.          Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/sindhenan.
22.          Saprangkat inggih punika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
23.          Sapangkon inggih punika namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
24.          Cokekan inggih punika pagekaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong kemodhong.
25.          Alusan inggih punika Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
26.          Balungan inggih punika Demung, Saron, Peking.

KAWRUH BUDAYA

GAMELAN KARAWITAN
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget. Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah lan sebageyan Jawa Wetan.
Rericikanipun Gamelan :
1.     Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang Wujud Tebokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk, dikebuk utawa tabok.
1
Kendhang Ageng
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Kendhang ageng ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane.
2
Kendhang Ketipung
Kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur tinimbang kendhang liyane. Biasane ditabuh bareng kendhang ageng.
3
Kendhang Ciblon
Kendhang sing nduwe ukuran sedhengan, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.
4
Kendhang Sabet
Kendhang sing nduweni ukuran sedheng, luwih cilik sithik tinimbang ciblon. Ngasilake swara luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.

2.     Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, lsp.
1
Gender
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder (umume digawe saka pring lan wesi tipis) kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
2
Gambang
Wujude meh padha kaya saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu.
3
Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane. Ngasilake swara paling cendhek.
4
Saron Barung
Wilah saron barung iku luwih gedhe tinimbang saron penerus ning luwih cilik tinimbang saron demung. Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf tinimbang sarong demung.
5
Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilahane luwih kandel. Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf tinimbang sarong barung.

3.     Wujud Wilahan Pencon
Cara nabuhe dithuthuk.
1
Gong Kemodhong
Cara nabuhipun ngagem gembel.
2
Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.

4.     Wujud Pencon
1
Bonang Panembung
Wujude paling gedhe.
2
Bonang Barung
Wujude luwih cilik saka bonang panembung
3
Bonang Penerus
Bonang kang cilik dhewe.
4
Kethuk lan kempyang
Perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
5
Kenong
Perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
6
Kempul
Biasane digantung kaya umume perangkat gong. Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong.
7
Gong
Piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Gong nduwe swara kang gedhe dhewe lan nadhane paling cendhek tinimbang nadha piranti liyane.

5.     Wujud Kawatan
1
Rebab
Gamelan kang cara nabuhe dikosok. Gunane kanggo murba lagu lan kanggo mbukani gendhing.
2
Celempung lan Siter
Gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter. Minangka piranti utama ing gamelan.

6.     Wujud Pipa
1
Suling
Piranti music kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi.
2
Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.


LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERITA CEKAK (CERKAK)

PAWARTOS