Postingan

UYON-UYON

Uyon-uyon saking tembung “manguyu-uyu” inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani “patalon”. Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Bem Bapakne wanci esuk Tlaten temen kowe thenguk-thenguk Ngelingana ing pawon kendhile nggoling Lha iku ha rak butuhmu Isen-isen jroning pawon Iya bener kandhamu Pawon iku dadi kwajibanku Ning pikiren beras entek bumbu tapis Yen ngono aku sing kojur Apa sing kudu tak adol Ajake laduk gemblung Uwong lanang mung pawitan dhengkul Apa seneng yen brayatmu padha klingsir Mangka aku seneng nganggur Mangan turu omong kosong Hambok welas anakmu Galo kae ana kebon jembrung Sregepana olah lemah ditanduri Aku sangu pacul Tumandang anggarap kebon Piwulang ingkang saged kita pethik saking tembang kasebat inggih punika : 1.      Bapak minagka satriyaning keluarga, ledah sregep makarya. 2.      Keluarga kedah guyup beb

CERITA CEKAK (CERKAK)

Gambar
1.      Pangertosan Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngandelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insightkanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur. Cerita cekak limrahipun kirang kompleks  tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing para ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langsung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku an