SESORAH
Sampun kawuning, nilih nindakaken ayahan minangka pranatacara
tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados
nengsemaken ing samudyaipun, pramila kedah nggatosaken :
1.
Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhan kaliyan kaperluwanipun,
wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpanipun wonten ing
pahargyan penganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. Ewa
semanten ngagem busana sanesipun inggih boten lepat bokbilih kepanggih “kok
Ngijeni”. Nanging inggih tansah kagatosna bab trapsilaning ngrasuk busana.
2.
Subasita (Trapsila, Tata krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang
wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos
kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten
kaken. Pramila menika saged gladhen wonten ing sangajengipun pengilon ingkang
ageng, mangke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin pantes. Saha kaudiya
babagan ewah-ewahing pasuryan, segeda nggambaraken wosing pengggalih, ingkang
salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3.
Swara (Vokal, Basa Pupoler)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha
kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken
swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik
rikatipun, mandhap minggahipun, ampun ngantos kesesa, nanging ugi ampun ngantos
nglentreh sanget.
4.
Basa tuwin Sastra
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang
leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep,
luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Ngginakaken basa ingkang langkung
rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, nanging ugi kedah ngengeti saha
njumbuhaken kaliyan kawontenanipun.
Basa ingkang komunikatif inggih punika basa ingkang kedah
angengeti :
1.
Sinten ingkang gineman
2.
Sinten ingkang dipunajak gineman
3.
Sinten ingkang dipun ginem
4.
Swasana nalikanipun gineman
5.
Sami mangertosi ingkang dipunginemi
Perkawis ingkang keah
dipungatosaken inggih punika:
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken:
1.
Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis
kalih jobin, Percaya diri
2.
Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung
sampun katingal kaku
3.
Polatan katingal sumeh, namung boten katingan kadamel-damel
4.
Mriksani dhumateng para pamiyarsa kanthi trapsila
5.
Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten boten kepireng ndredheg
6.
Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan
kawontenan
7.
Swanten boten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang
8.
Ngagem basa ingkang alus
9.
Pangandikan boten perlu muter-muter
Wonten babagan ingkang kedah
dipungatosaken bab rantamaning sesosah antawisipun:
1.
Salam pambuka (manut kapitadosan lan swasananipun).
2.
Purwaka inggih punika ngunjukaken puja lan puji marang
ngarsanipun gusthi saha atur panuwun dhumateng para rawuh).
3.
Surasaning basa/wos inggih punika uderaning bab ingkang
dipunwedharaken.
4.
Dudutan (Simpulan) inggih punika inti sarining wedharan
pangajeng-ajeng inggihpunika bab-bab kang dipukajengaken dening ingkang
nindakaken sesorah dhumateng ingkang miring.
5.
Wasana inggih punika atur panuwun saha atur pangaksami
anggenipun nindakaken jebihan.
Jinisipun sesorah saged
kabentenaken dados 4 warni inggih punika:
1.
Kanthi cara apalan (model).
Sesorah cara punika saderengipun damel seratan sesorah lajeng
dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Asring
dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen.
2.
Kanthi cara naskah utawi teks.
Sesorah cara punika juru pamedhar sabda saestu bekta teks lajeng
dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken. Dipunginakaken dening para pejabat
ing upacara-upacara resmi.
3.
Kanthi cara dadakan utawa impromptu.
Menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi
badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara punika lajeng dipunaturi
sesorah. Kepara priyayi kala wau pancen sampun kalebet ahli sesorah ingkang
bedhanipun “orator”.
4.
Kanthi cara ekstemporan.
Punika cara pidhato kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi
damelcathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe
dipunngendikakaken. Cara punika, menawi dwija saderengipun mucal para siswanipn
sampun cecawis pokok bahasan ingkang badhe dipunrembag utawi dipun wucalaken.
Cengkoronganipun sesorah :
1. Purwaka, ngemot:
- Uluk salam utawa salam pambuka
- Pakurmatan marang tamu
- Puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Ageng
- Ngaturaken ayahan utawa jejibahane
2. Perangan isi, ngemot:
- Ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhipun tamu
- Nganturaken ujuding gati
- Nganturaken agunging panuwun awit pambiyantunipun para mudha, sumbang sih saking tamu, lan masyarakat
- Nyuwunaken pangapunten awit sedaya kekirangan lan kaluputane minangka panitya
- Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula
3. Panutup, ngemot:
- Para tamu kasuwun nerusaken anggenipun lelenggahan nganti pura
- Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
- Salam panutup
Tuladha Sesorah :
Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Sumber :
http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/
LKS Bahasa Jawa Kelas XI Semester 2
Komentar
Posting Komentar